Selasa, 27 Januari 2015

Abi

SIJI Wayah esuk, srengenge suryaning dunya ing wiwitan dina. Jumeneng ing ngarep lawang mandeng ing suryaning dunya kang saya endah ing jaga raya, Jeneng Nita kenya alit kang saya ayuning rupa menthes ing masa muda wiwitan, polah bawa kang kalem, manis lan manjaning anak semata wayang. Wiwitan dadi anak SMA bocah cilik kang menthes dadi bocah enom kang wis bisa dandan nata awakke kanthi pantes uga sedep dipandeng. Nduweni ciri khas rambut lurus jepit kembang abang enom kang manis ing rupane. Nita kang nduweni sahabat sejati jenenge April, April kang nduweni kulit kaya bule landa mbiyen, ayu, lan uga saingan rikala sekolah saking SD tekan SMP ing prestasi kelas bareng Nita. *** Ing wayah rikala ing omahe April. Lungguh ing teras omah, nyambi gegojegan bareng, ing seberang omah tanggane April kaya ana wong kang nggatekake. April ngguyu karo mesam mesem ora ana jelase, ndadekake Nita bingung juntrung. “Aja bingung ngono Nit, kowe bingung ngapa aku ngguya ngguyu ora nggenah marang kowe?” “Ya, ngapa toh kowe ngguyu ngono kuwi pril?” “Kene tak kandani, wong kae sing mbok sawang omah kae lho jenenge mas Abi, wong kae sengaja nyawang omah kene merga ana kowe Nit”, kandhane April karo nudokna omahe mas Abi lan uga ana wonge sing pada ngguya ngguyu ora jelas juntrunge. “Lho, ngapa merga aku pril?” “Mas Abi kuwi seneng karo kowe Nit, wonge wis suwe nggatekake kowe, amung kowe wae ora nyadar nalika mas Abi kuwi wis suwe seneng sliramu, sengaja aku ngajak kowe dolan omahku merga ana sing arep tak kandakake ya kuwi mas Abi”. Endah ing raga sang dewa lan dewi kang greget ing ati pangrasaning rasa tresna. Witing sumebyar wayah sore ing pucuk srengenge sang bagaskara, anugrahing Maha Kuasa kang nduweni jagad raya ing dunya. “Nit, apa kowe tenan nrima aku dadi arjuna ing atimu?” kandhane mas Abi mesem sumringah, bungah ing ati, kang nyata rasa tresna kang dadi pacare Nita. “Tenan mas, apa kowe ora percaya marang aku iki, bumi lan langit dadi saksi anggenku nrima sampeyan”. Janji-janji lan kesetiaan kayata Arjuna lan Sinta saya raket. Dina-dina kang dadi saya endah merga mas Abi tambatan ati Nita saya ngatokake rasa tresnane. Salah sawijining dina mas Abi omong marang Nita ngengingi tujuan panguripan masa depan kang dadi impian mas Abi, yaiku dadi polisi. Saben dina kang dilakokake mas Abi tangi Subuh, shlt, mbiyantu ibukke tandang gawe, banjur dheweke mloya mlayu ing dalan nggawe kringet, renang lan uga liyane saka usaha mas Abi ben bisa dadi polisi. *** Wulan Februari 2010, kedadeyan kang ora nyana nalika kang dadi kekarepan saka Nita, yaiku bisa bareng salawase bareng mas Abi sirna. Wektu mas Abi, lunga marang Purwokerto kanggo tes, ora ana kabar sajege mas Abi pamit marang Purwokerto. Dienteni mbolak mbalik ndelok hp, jebul tetep ora ana sms utawa telepon saka mas Abi. Tekan wengi nembe ana kabar saka mas Abi. Unine hp ing pinggir meja belajare Nita seru ing pojokan. Di jupuk Nita lan disawang jebul saka mas Abi, Nita ngangkat telepon iku rada ngambek merga mas Abi nembe ngei kabar. Di enten-enteni saiki wonge jebul telepon. “Assalammu’alaikum”, Nita rada ora niat omong. “Walaikumsalam nduk”, wangsulane mas Abi rada nada ngerayu merga ngerti Nita mesthi ngambek merga nembe dikei kabar dheweke. “Ana apa mas?”. “Nduk, mas lolos sesuk arep pemberkasan lan uga pendidikan kanthi 6 wulan. Nanging mas ora bisa komunikasi karo kowe nduk, merga ora enthuk nggawa alat komunikasi ing asrama, mas ngampura ya nduk?”, kandhane mas Abi. “Piye mas? aku iki samenit ora ana kabar saka kowe wae atiku gemrungsung ora karuan, piye 6 wulan mas? aku ora bisa kaya kuwi”, Nita karo nangis mricik ing peluh pipi. “Kene lho Nit, aku janji budhal saka pendidikan aku bakal menehi kabar kowe nduk, percaya karo aku, aku iki arep golek masa depan kanggo panguripanku lan uga kanggo kowe nduk ben bisa mbahagiana kowe nduk”, mas Abi paring pangerten marang Nita. “Aku emoh mas, aku ora bisa”, saya deres tangising Nita ing peluh atining raga. “Tenangna fikiranmu Nit, aku ora bakal ninggalna kowe asal kowe bisa ngerteni posisiku saiki, aku iki tresna marang kowe, nanging aku iki nduweni kewajiban nggawe bangga wong tuaku lan uga kowe nduk”. “Apa ora ana cara liyane mas?”. “Saiki aku kudu paring keputusan nduk, saiki dhewek pisah dhisik, nalika mengko aku rampung saka pendidikan aku bakal ngabari kowe meneh, aku kaya iki merga aku kudu tumindhak ing panguripan kang sae lan mapan”. “Oh ngana mas? Puthes tekan kene tresnamu iku, ora nyana kowe bakal omong kuwi marang aku mas”, tangising Nita ing sebrang telepon saya deres. “Ora ngana maksudku nduk, dhewek pisah sawetawis mengko balik meneh nalika mas budhal saka pendidikan iki nduk, tulung ngertina posisi mas nduk”. “Tak turuti kekarepanmu mas, nanging aku ora bisa karo kowe maneh, merga wis kadung aku ora bisa nrima omonganmu kuwi”, Nita kang ora yakin marang mas Abi nalika kudu nuruti kekarepane dhewek. “Ya nduk, yen pancen kuwi kekarepanmu aku manut”. Tut tut . . . . . telepon mati, banjur Nita tetangisan tekan tengah wengi, ora nyana mas Abi tenanan nalika omong mau. Nanging nyatane aku kuwi ora ikhlas marang katetepanku dhewek. Semana uga katetepanku ora bisa ngilangke pandangan saka bagusing rupa mas Abi. Pujangga ati kang ditresnani, aku ora bisa nrima wong lanang liya merga aku taksih tresna marang mas Abi. Saben dina hp ku ora ana nyawane, tak sawang ora ana sms utawa telepon blas, nalika ana ya mung saka April. Aku ora bisa ngandhake iki karo Azmi, ndak mengko April nesu marang mas Abi merga muthesna pangrasananing iki karo Nita. *** Wayah sore, aku sowan omahe April. Ngilangake rasa puthek ing pikiran merga perkara mas Abi. Tekan kono ora nyana kanyata aku mlebu omah April, wis ana April lan ibukke lungguh ing ruang tamu. Aku lungguh lan uga ibukke April arep omong kekaronan aku serius lan kaya penting. “Kene nok, lungguh!”. “Inggih budhe, punapa inggih dhe, wonten ingkang badhe dipunomongake kaliyan kula?”. “Inggih nok, niki budhe kala wingi kepethuk kaliyan ibukke mas Abi, banjur wonge punika ngendika ngene .... “Mbak Ipah kula nyuwun tulung nalika mangke Nita sowan ing dalemenipun panjenengan, dipundhawuhi boten usah hubungan malih kalih Abi, merga Abi punika badhe pendidikan lan boten saged kekancanan malih kaliyan Nita. Nita boten usah ganggu Abi, mangke malah ngancurake masa depan Abi”, kandhane ibukke Abi marang budhe. “Punika dhawuhan saka ibukke mas Abi Nit, kowe sing sabar ya nduk, merga ibukke mas Abi sampun ngendika punika, mending kowe ora usah nglanjutake kekaronan mas Abi, punika miturut budhe nanging sakabehe keputusan ana nggonmu nduk”. “Budhe . . . kanyatane kula sampun puthes kaliyan mas Abi, kala wingi mas Abi telepon kula lan uga ngendika mekaten. Kula boten nyana ibukke mas Abi ngendika kala wau budhe, apa lepat kula?, nyatane kula ya boten wonten hubungan malih kaliyan mas Abi”, apa mas Abi dereng ngendika kaliyan ibukke perkara iki”. Ing kono Nita amung bisa nangis nrima nasib nalika mas Abi pancen wis ora bisa dadi sesandhingane. Ibukke mas Abi wis kethok ora seneng minangka mas Abi kekaronan Nita, omongan ibukke ndadekake aku loro ati, ora nyana ibukke mas Abi bisa omong kaya ngana. Iki wis dadi kekarepan Nita ora bakal ganggu maneh kauripan mas Abi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar